Senin, 12 Juni 2017

Syi'ir NGUDI SUSILO


karya: KH. BISRI MUSTHOFA Rembang.
بسم الله الرحمن الرحيم
 صلاة الله ما لاحت كواكب * على احمد خير من ركب النجائب
1. Iki syi'ir kanggo bocah lanang wadon * nebihake tingkah laku ingkang awon

2. Sarto nerangake budi kang prayogo * kanggo dalan podho mlebu ing swargo

3. Bocah iku wiwit umur pitung tahun * kudu ajar toto karben ora getun
( Bab akhlak ing ngarsane wong tuwo)

4. Kudu tresno ring ibune kang ngrumati * kawit cilik marang bopo kang gemati

5. Ibu bopo rewangono lamun repot * ojo koyo wong gemagus ingkang wangkot

6. Lamun ibu bopo printah enggal tandang * ojo bantah ojo sengol ojo mampang

7. Andap asor ing wong tuwo najan liyo * tetepono ojo koyo rojo koyo

8. Gunem alus alon lirih ingkang terang * ojo kasar ojo misuh koyo bujang

9. Yen wong tuwo lenggah ngisor siro ojo * pisan lungguh duwur koyo jomo jujo

10. Yen wong tuwo sare ojo geger guyon * lamun siro nuju moco kudu alon

11. Lamun siro lewat ono ing ngarepe * kudu nuwun amit serto ndepe-ndepe

12. Lamun ibu bopo duko becik meneng * ojo melu padon ugo ojo nggremeng
( BAB AMBAGI WEKTU)

13. Dadi bocah kudu ajar bagi zaman * ojo pijer dolan nganti lali mangan

14. Yen wayahe shalat ojo tunggu printah * enggal tandang cekat-ceket ojo wegah

15. Wayah ngaji wayah sekolah sinau * kabeh mau gate'ake klawan tuhu

16. Kenthong subuh enggal tangi nuli adus * wudlu nuli shalat khusyu' ingkang bagus

17. Rampung shalat tandang gawe opo wahe * kang prayogo koyo nyapono omahe

18. Lamun ora iyo moco-moco Qur'an * najan namung sithik dadiyo wiridan

19. Budhal ngaji awan bengi sekabehe * toto kromo lan adabe podho wahe
(BAB ING PAMULANGAN)

20. Lamun arep budhal menyang pamulangan * toto-toto ingkang rajin kang resikan

21. Nuli pamit ibu bopo kanti salam * jawab ibu bopo 'alaikumus salam

22. Disangoni akeh sithik kudu trimo * supoyo ing tembe dadi wong utomo

23. Ono pamulangan kudu tansah gati * nompo piwulangan ilmu kanv wigati

24. Ono kelas ojo ngantuk ojo guyon * wayah ngaso keno ojo nemen guyon

25. Karo konco ojo bengis ojo judhas * mundak diwadani konco ora waras
( BAB MULIH SAKING PAMULANGAN )

26. Bubar saking pamulangan enggal mulih * ojo mampir-mampir dolan selak ngelih

27. Tekan omah nuli salin sandhangane * kudu pernah rajin rapi aturane
( BAB ONO ING OMAH)

28. Karo dulur konco ingkang rukun bagus * ojo koyo kucing belang rebut tikus

29. Dadi tuwo kudu weruh ing sepuhe * dadi enom kudu rumongso bocahe

30. Lamun bopo 'alim pangkat sugih  joyo * siro ojo kumalungkung ring wong liyo

31. Pangkat gampang minggat sugih keno mulih * 'alim iku gampang owah molah-malih

32. Arikolo siro madhep ring wong liyo * kudu ajer ojo mrengut koyo boyo
(BAB KARO GURU)

33. Marang guru kudu tuhu lan ngabekti * sekabehe printah bagus dituruti

34. Piwulange ngertinono kanti ngudi * nasehate tetepono ingkang merdi

35. Larangane tebihono kanthi yekti * supoyo ing tembe siro dadi mukti
(BAB ONO TAMU)

36. Tatkalane ibu romo nompo tamu * ojo biyayakan tingkah polahanmu

37. Ojo nyuwun duit wedang lan panganan * rewel beko koyo ora tau mangan

38. Lamun banget butuh kudu sabar dhisek * ngantu tamu kundur dadi siro becik

39. Arikolo podo bubaran tamune * ojo nuli rerebutan turahane

40. Koyo keting rerebutan najis tibo * gowo malu lamun dideleng wong jobo

41. Kejobo yen bopo dawuh "hei anakku * iku turahe wong 'alim kiyaiku

42. Bagi roto sak dulurmu karben kabeh * ketularan 'alim sugih bondho akeh

43. Niat iro nuprih berkahe wong mulyo * ora niat rebut turahe wong liyo
(BAB SIKAP LAN LAGAK)

44. Anak Islam iki mongso kudu awas * ojo nganti leno mengko mundhak tiwas

45. Luru ngilmu iku perlu nanging budi * adab Islam kudu tansah dipersudi

46. Akeh bocah pinter nanging ora bagus * budi pekertine sebab dho gemagus

47. Ring wong tuwo gak ngregani gak ngajeni * sajak pinter dewe longko kang madhani

48. Jare iku caranipun sak peniko * ora ngono dudu intlek (kang) merdeko

49. Ngagem blangkon serban sarung dha digujeng * jare ora kebangsaan ingkang majeng

50. Sawang iku Pangeran Diponegoro, * Imam Bonjol, Tengku Umar kang kuncoro

51. Kabeh podho belo bongso lan negoro * podho ngagem destar pantes yen perwiro

52. Gujeng serban sasat gujeng Inam Bonjol * sak kancane hei anakku ojo tolol

53. Timbang nggundhul opo ora luwih bagus * ngagem tutup sirah koyo raden bagus

54. Kolo-kolo pamer rambut karepmu * nanging kudu eling papan srawungamu

55. Kumpul mudho bedo karo pul yaine * nuju shalat gak podo mlancong nujune

56. Ora nuli mlancong nggundul shalat nggundul * sowan moro tuwo nggundul nguyuh nggundul
(BAB CITA-CITA LUHUR)

57. Anak Islam kudu cita-cita luhur * karben donyo akhirate biso makmur

58. Cukup ilmu umume lan agamane * cukup ndonyo kanti bekti pengerane

59. Biso mimpin sak dulure lan bangsane * tumuju ring raharjo lan kamulyane

60. Iku kabeh ora gampang leksanane * lamun ora kawit cilik to citane

61. Cita-cita kudu dikanti gumergut * ngudi ilmu serto pekerti kang patut

62. Kito iki bakal tininggal wong tuwo * ora keno ora kito mesthi muwo

63. Lamun kito podo katekan sejane * ora liwat siro kabeh penimpine

64. Negoromu butuh mentri butuh mufti * butuh qodli patih seten lan bupati

65. Butuh dokter butuh mister ingkang pinter * ilmu agomo kang nuntun laku bener

66. Butuh guru lan kiyai kang linangkung * melu ngatur negarane ora ketung

67. Iku kabeh sopo maneh kang ngayahi * lamun ora anak kito kang nyagohi

68. Kejobo yen siro kabeh ridlo mbuntut * selawase angon wedus nyekel pecut

69. Siro ridlo nggoncek cikar selmine * kafir iro mentul-mentul lungguhane

70. Ora nyelo angon wedhus numpak cikar * asal cita-cita ilmu biso nengkar

71. Nabi kito kolo timur pangon mendo * ing tembene pangon jalmo kang sembodo

72. Abu Bakar Shiddiq iku bakul masar * nanging noto masyarakat ora sasar

73. Ali Abu Tholib bakul kayu bakar * nanging tangkas yen dadi panglima besar

74. Wahid Hasyim santri pondok gak sekolah * dadi menteri karo liyan kalah

75. Kabeh mau gumantung ing sejo luhur * kanti ngudi ilmu serto laku jujur

76. Tekan kene pungkasane syi'ir iki * larikane wolu limo kurang siji

77. Mugo-mugo sejo kito sinembadan * deneng Allah ingkang nurunake udan

78. Pinaringan taufiq sertane hidayah * donyo akhirate sehat wa 'afiah

امين امين امين امين امين امين * فالحمد للاله رب العالمين


EmoticonEmoticon